KENO GUDO

Cipt.  Wiyoso   




Nalikane dek jaman semono
Sliramu setiyo lan tuhu
Anane mung tansah ngalembono
Sasat ora nate cidro

Mulo aku tansah angimbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora onok lintang kang sumunar 
Amung diko papujanku

Reff.
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayune sesami
Nggonkuu muji kario basuki
Suk kapan anggonmu bali

Peteng dedet rasane atiku
Bareng keprungu kabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora ngiro keno gudo

Balik ke atas




0 Response to "KENO GUDO"

Post a Comment